Dening: Arifah Budi Nuryani, S.KM
Bebendu
virus korona punika ngedahaken kula lan panjenengan sedanten kedah mangertosi
babagan wigatosipun prakawis keresikan. Wiwit,
tiyang kulinten mengucek-ucek soca saben wekdal, tanpa wigatosaken kawontenan
astanipun. Ananging ing wekdal sapunika, tiyang langkung ngrumaosi menawi asta
punika saged dados sarana nularaken pagebluk.
Bilih
dipuntingali saking sejarah lan antropologis, kedahipun kawula Nusantara punika
mboten kaget sanget kaliyan budaya mijiki asta, samparan, pasuryan, ngginakaken
toya resik sampun dados perangan gesang sadinten-dinten leluhur wonten
nusantara. Malah wonten Kraton Sriwijaya, ing era 650-1377 M, para biksu sampun
kagungan pranatan ingkang paten babagan mijiki asta.
Adhedhasar
buku Kiriman Catatan Praktik
Buddhadharma dari Lautan Selatan karya Yi Jing [It-sing]
ingkang dipunterjemahaken saking A
Record of the Buddhist Religion as Practised in India and the Malay Archipelaho dening
J. Takakusu, B.A., Ph.D,, dipun trehaken kados pundi tata cara gesang ingkang
saras dening kawula nusantara. Adhedhasar wucalan Buddha, ingkang dipuntindakaken para biksu wonten India saha
Sriwijaya.
Tata
cara gesang ingkang saras, mbok bilih ugi dipuntindakaken dening masyarakat
limrah. Amargi, piyambakipun sedanten [ngangsu piwulang budha] punika pitados salira ingkang saras saha miyos gampil tumuju resiking
batin/ moksa.
Pramila,
kalimrahan mijiki asta, ngresikaken dhiri, saha dhaharan ingkang sae, ugi
dipuntindakaken saperangan ageng masyarakat wonten wanci kanalendran sriwijaya.
Biksu inggih punika tiyang ingkang dipunpitadosi, mila pitutur saking
piyambakipun sedaya mesthi kathah ingkang nindakaken, utaminipun ingkang nganut
agami Buddha.
Sejatosipun, pakulinan kanthi saras dipuntindakaken dening masyarakat ing
Nusantara, boten namung ing wanci
Kedatuan Sriwijaya, ananging ugi, rikala jaman Kenalendran Majapahit ugi kesultanan
sanesipun.
Sedaya agami,
kados Islam, Katolik, Protestan, Hindu, ugi Buddha,
mucalaken ngelmu bab gesang
kanthi saras. Punapa malih ing wucalan agami Islam punika,
babagan mijiki asta lan perangan awak sanes ing setunggal dinten kirang langkung kaping gangsal
dipuntindakaken, inggih punika rikala nindakaken wudhu.
Budaya mijiki asta, ngreksa salira, ngresiki salira saksampunipun bebuwang, olahraga, ngagem
agemanan ingkang resik, sarta dhaharan ingkang sae, sampun dados perangan gesang
ing masyarakat.
Salah
satunggaling ‘artefak’ budaya mijiki asta nusantara inggih punika padasan, genthong
gerabah ingkang limrah dipunpanggihi ing budaya masyarakat Jawi. Padasan
dipunpapanaken ngajenging latar, wonten jawi pager, ingkang wujudipun genthong
kaliyan pancuran alit , utawi ingkang ngginakaken gayung saking bathok klapa
(siwur).
Genthong
padasan kagungan gegayutan kaliyan budaya Islam (wudhu), amargi rumiyinipun
pirantos punika dados pirantos syiar dening setunggaling tiyang panyebar agami
Islam, inggih punika Kanjeng Sunan Kudus. Rikala punika], adhedhasar cathetan
sri mulyati (2006) ing buku Tasawuf
Nusantara: Rangkaian Mutiara Sufi Terkemuka, Sunan Kudus ndamel
padasan cacah wolong pancuran, dados akulturasi budaya Jawi saking agami Islam.
Ing wekdal punika, masyarakat ing papan punika sampun tepang agami Hindu lan
Buddha, pendhudhuk ugi tepang punapa ingkang dipunsebat dados Asta Sanghika
Marga. Padasan kaliyan pancuran ingkang cacahipun wolu punika dipunkjengaken
Sunan Kudus dados wolung tumindak becik
kagem ngresikaken dhiri.
Jaman semanten sadayaning masyarakat nyaosaken padasan
wonten ngajenging griya/pidalem. Padasan punika dipunpapanaken wonten njawi
pager supados sinten kemawon mboten pakewuh
anggenipun ngginakaken toya kangem ngresekaken samparan. Langkung
semanten, rikala toya wonten Jawi taksih wening, toya padasan nggih saged ugi
dipununjuk. Ingkang kagungan dalem ugi mesthekaken ngiseni padasan punika
supados toyanipun tansah kebak. Kejawi gentong utawi tempayan ingkang dipunparingi
bolongan, kala-kala padasan ugi dipunjangkepi kaliyan gayung tradhisional
saking bathok klapa, ingkang limrah dipunsebat siwur.
Padasan
ugi dipunpapanaken wonten pinggiring mergi, kanthi maksud supados sintena
kemawon ingkang mbetahaken toya saged ngginakaken toyanipun. Ing mangsa jawah,
toya wonten ing padasan saged kagem ngresikaken samparan ingkang kenging
cipratan toya reged. Ugi semanten rikala ing mangsa ketiga, padasan limrahipun dipunagem
ngresiki pasuryan tiyang-tiyang ingkang ngliwati. Samboten-mbotenipun keparing
nyukani raos seger ing wanci mangsa benter.
Menawi
tirta isi padasan saestu resik ugi aman dipununjuk, panggina sekaliyan saged lajeng ngunjuk dados panglukar salit. Misepuh kita sedaya kathah ingkang dados
petani, nalika badhe dhateng sabin utawi tumuju
wanci rahina badhe kondur datheng dalem, salajeng raup rumiyin kaliyan
reresik ngagem toya ing padasan. Prakawis punika saleresipun mucalaken kula lan
panjenengan sami supados tansah njagi resiking badan rikala badhe nyambut damel
saha saderengipun mlebet griya.
Punapa
malih, wargi jawi taksih mitadosi sawanan (kesurupan), bilih wonten bayi wonten
griya lan menawi wonten tiyang ingkang mlebet griya mboten mijiki asta lan
langsung nyepeng bayi, mila bayi punika asring nandang sawanen.
Wucalan
filosofis kasaenanipun padasan inggih punika:
Bilih wonten priyantun
ingkang ngginakaken padasan, priyantun punika kagungan krenteg kedah kemutan ngginakaken
toya sacekapipun senaosa mboten wonten paugeran
ingkang keserat. Padasan punika dipunpapanaken ing pinggir margi, amargi saget kagem sinten
kemawon, supados tiyang sanes saged
keduman.
Kathah piwulang edukatif
ingkang kekandhut ing tradhisi nyamektakaken
padasan wonten ngajenging griya, kados ta
raos lila legawa. Kanthi raos lila legawa, ingkang nggadhahi padasan
sregep ngisi supados saged dipunagem sinten kemawon ingkang mbetahaken toya
resik, tanpa preduli
tepang punapa mboten kaliyan tiyang kasebat.
- Peparing tumrap tiyang sanes saking bab ingkang alit.
Amargi sinten mawon ingkang liwat
pareng ngginakaken toya padasan sanadyan mboten tepang ingkang kagungan. Bilih
ingkang nggadhahi ugi tansah mriksa punapa toyanipun taksih wonten utawi sampun
telas. Senaosa namung namung
toya, nanging punika ingkang dipunwucal saking sesepuh kula panjenengan inggih
punika pakulian nyaosi tumrap liyan wiwit saking bab ingkang alit
kadosta
toya.
- Toya ing padasan punika kados ngilmu ing akal
Toya ingkang wonten ing
genthong punika sami kados ngilmu ingkang wonten ing akal kula panjenengan
sedanten. Boten
angsal dipunwulangaken kemawon, ugi mboten pareng
dipunkempalaken mawon tanpa dipunwulangaken,
utawi naming dipunginakaken dening saliranipun piyambak, nanging dipuncakaken kagem tiyang sanes. Ing
wucalan agami Islam prakawis punika kelebet salah satunggaling amal ingkang
mboten pedhot sanadyan kula panjenengan sampun seda inggih punika amal jariyah
lan ngelmi ingkang murakabi.
Wonten wekdal
sapunika, minangka para taruna, ingkang mboten mangertosi
padasan saged ngecakaken piwulang edukatif minangka warisan budaya Jaw. Mawi
mratelakaken peparing kanthi raos lila legawa dhumateng sinten mawon
ingkang mbetahaken, nyamektakaken padasan wonten
ngajenging griya piyambakipun.
Pagebluk
covid-19 taksih mbebayani,
kula panjenengan sedanten saged nyamektakaken padasan wonten ngajenging griya. Senaosa padasan sanes gerabah, saged kagem
papan toya ingkang langkung enggal.
Kadadosan punika kula panjenengan kedah saged ndherek nyegah sumebaring virus corona kanthi wiyar. Kula panjenengan kedah
langkung sregep anggenipun mijiki asta, sami kaliyan paugeran saking WHO supados dipuntebihaken saking bebendu covid-19.
Dados kearifan lokal, padasan dados sarana sanes kagem masyarakat supados purun mijiki asta. Ing wekdal punika
kahanan bebendu covid-19 taksih dereng bibar, mila padasan kaliyan sabun punika
saged njagi keresikan lan ngulintenaken wijik ngagem sabun (CTPS) kanthi cara ingkang leres.
Sumber:
Azis,
Muhammad Abdul. 2020. Padasan : Budaya Lama yang
Dipaksa Muncul Kembali. https://medium.com/@azismuhammad094/budaya-lama-yang-dipaksa-untuk-kembali-cf5c45976b5b
Khusnikma,
Misla. 2020. Kembalinya Tradisi Padasan di Tengah Pandemi. http://saa.iainkediri.ac.id/padasan-tradisi-yang-kembali-hidup-selama-pandemi/
Nelana, Narwan Sastra.
2020. Lewat Padasan Nenek Moyang Telah
Ajarkan Kebersihan Diri. https://siedoo.com/berita-30033-lewat-padasa-nenek-moyang-telah-ajarkan-kebersihan-diri/
Wijaya, Taufik. 2020. Refleksi Covid-19: Sejak Dulu Bangsa
Indonesia Rajin Mencuci Tangan. https://www.mongabay.co.id/2020/05/15/refleksi-covid-19-sejak-dulu-bangsa-indonesia-rajin-mencuci-tangan/