Berita

Padasan: Budaya Gesang Ingkang Saras Saking Leluhur

Dening: Arifah Budi Nuryani, S.KM

Bebendu virus korona punika ngedahaken kula lan panjenengan sedanten kedah mangertosi babagan  wigatosipun prakawis keresikan. Wiwit, tiyang kulinten mengucek-ucek soca saben wekdal, tanpa wigatosaken kawontenan astanipun. Ananging ing wekdal sapunika, tiyang langkung ngrumaosi menawi asta punika saged dados sarana nularaken pagebluk.

Bilih dipuntingali saking sejarah lan antropologis, kedahipun kawula Nusantara punika mboten kaget sanget kaliyan budaya mijiki asta, samparan, pasuryan, ngginakaken toya resik sampun dados perangan gesang sadinten-dinten leluhur wonten nusantara. Malah wonten Kraton Sriwijaya, ing era 650-1377 M, para biksu sampun kagungan pranatan ingkang paten babagan mijiki asta.

Adhedhasar buku Kiriman Catatan Praktik Buddhadharma dari Lautan Selatan karya Yi Jing [It-sing] ingkang dipunterjemahaken saking A Record of the Buddhist Religion as Practised in India and the Malay Archipelaho dening J. Takakusu, B.A., Ph.D,, dipun trehaken kados pundi tata cara gesang ingkang saras dening kawula nusantara. Adhedhasar wucalan Buddha, ingkang dipuntindakaken para biksu wonten India saha Sriwijaya.

Tata cara gesang ingkang saras, mbok bilih ugi dipuntindakaken dening masyarakat limrah. Amargi, piyambakipun sedanten [ngangsu piwulang budha] punika pitados salira ingkang saras saha miyos gampil tumuju resiking batin/ moksa.

Pramila, kalimrahan mijiki asta, ngresikaken dhiri, saha dhaharan ingkang sae, ugi dipuntindakaken saperangan ageng masyarakat wonten wanci kanalendran sriwijaya. Biksu inggih punika tiyang ingkang dipunpitadosi, mila pitutur saking piyambakipun sedaya mesthi kathah ingkang nindakaken, utaminipun ingkang nganut agami Buddha.

Sejatosipun, pakulinan kanthi saras dipuntindakaken dening masyarakat ing Nusantara, boten namung ing wanci Kedatuan Sriwijaya, ananging ugi, rikala jaman Kenalendran Majapahit ugi kesultanan sanesipun.

Sedaya agami, kados Islam, Katolik, Protestan, Hindu, ugi Buddha, mucalaken ngelmu bab gesang kanthi saras. Punapa malih ing wucalan agami Islam punika, babagan mijiki asta lan perangan awak sanes ing setunggal dinten kirang langkung kaping gangsal dipuntindakaken, inggih punika rikala nindakaken wudhu.

Budaya mijiki asta, ngreksa salira, ngresiki salira saksampunipun bebuwang, olahraga, ngagem agemanan ingkang resik, sarta dhaharan ingkang sae, sampun dados perangan gesang ing masyarakat.

Salah satunggaling ‘artefak’ budaya mijiki asta nusantara inggih punika padasan, genthong gerabah ingkang limrah dipunpanggihi ing budaya masyarakat Jawi. Padasan dipunpapanaken ngajenging latar, wonten jawi pager, ingkang wujudipun genthong kaliyan pancuran alit , utawi ingkang ngginakaken gayung saking bathok klapa (siwur).

Genthong padasan kagungan gegayutan kaliyan budaya Islam (wudhu), amargi rumiyinipun pirantos punika dados pirantos syiar dening setunggaling tiyang panyebar agami Islam, inggih punika Kanjeng Sunan Kudus. Rikala punika], adhedhasar cathetan sri mulyati (2006) ing buku Tasawuf Nusantara: Rangkaian Mutiara Sufi Terkemuka, Sunan Kudus ndamel padasan cacah wolong pancuran, dados akulturasi budaya Jawi saking agami Islam. Ing wekdal punika, masyarakat ing papan punika sampun tepang agami Hindu lan Buddha, pendhudhuk ugi tepang punapa ingkang dipunsebat dados Asta Sanghika Marga. Padasan kaliyan pancuran ingkang cacahipun wolu punika dipunkjengaken Sunan Kudus dados wolung tumindak becik kagem ngresikaken dhiri.

Jaman semanten sadayaning masyarakat nyaosaken padasan wonten ngajenging griya/pidalem. Padasan punika dipunpapanaken wonten njawi pager supados sinten kemawon mboten pakewuh  anggenipun ngginakaken toya kangem ngresekaken samparan. Langkung semanten, rikala toya wonten Jawi taksih wening, toya padasan nggih saged ugi dipununjuk. Ingkang kagungan dalem ugi mesthekaken ngiseni padasan punika supados toyanipun tansah kebak. Kejawi gentong utawi tempayan ingkang dipunparingi bolongan, kala-kala padasan ugi dipunjangkepi kaliyan gayung tradhisional saking bathok klapa, ingkang limrah dipunsebat siwur.

Padasan ugi dipunpapanaken wonten pinggiring mergi, kanthi maksud supados sintena kemawon ingkang mbetahaken toya saged ngginakaken toyanipun. Ing mangsa jawah, toya wonten ing padasan saged kagem ngresikaken samparan ingkang kenging cipratan toya reged. Ugi semanten rikala ing mangsa ketiga, padasan limrahipun dipunagem ngresiki pasuryan tiyang-tiyang ingkang ngliwati. Samboten-mbotenipun keparing nyukani raos seger ing wanci mangsa benter.

Menawi tirta isi padasan saestu resik ugi aman dipununjuk, panggina sekaliyan saged lajeng ngunjuk dados panglukar salit. Misepuh kita sedaya kathah ingkang dados petani, nalika badhe dhateng sabin utawi  tumuju wanci rahina badhe kondur datheng dalem, salajeng raup rumiyin kaliyan reresik ngagem toya ing padasan. Prakawis punika saleresipun mucalaken kula lan panjenengan sami supados  tansah njagi resiking badan rikala badhe nyambut damel saha saderengipun mlebet griya.

Punapa malih, wargi jawi taksih mitadosi sawanan (kesurupan), bilih wonten bayi wonten griya lan menawi wonten tiyang ingkang mlebet griya mboten mijiki asta lan langsung nyepeng bayi, mila bayi punika asring nandang sawanen.

Wucalan filosofis kasaenanipun padasan inggih punika:

  • Krenteg Sesarengan

Bilih wonten priyantun ingkang ngginakaken padasan, priyantun punika kagungan krenteg kedah kemutan ngginakaken toya sacekapipun senaosa mboten wonten paugeran ingkang keserat. Padasan punika dipunpapanaken ing pinggir margi, amargi saget kagem sinten kemawon, supados tiyang sanes saged keduman.

Kathah piwulang edukatif ingkang kekandhut ing tradhisi nyamektakaken padasan wonten ngajenging griya, kados ta raos lila legawa. Kanthi raos lila legawa, ingkang nggadhahi padasan sregep ngisi supados saged dipunagem sinten kemawon ingkang mbetahaken toya resik, tanpa preduli tepang punapa mboten kaliyan tiyang kasebat.

  • Peparing tumrap tiyang sanes saking bab ingkang alit.

Amargi sinten mawon ingkang liwat pareng ngginakaken toya padasan sanadyan mboten tepang ingkang kagungan. Bilih ingkang nggadhahi ugi tansah mriksa punapa toyanipun taksih wonten utawi sampun telas. Senaosa namung namung toya, nanging punika ingkang dipunwucal saking sesepuh kula panjenengan inggih punika pakulian nyaosi tumrap liyan wiwit saking bab ingkang alit kadosta toya.

  • Toya ing padasan punika kados ngilmu ing akal

Toya ingkang wonten ing genthong punika sami kados ngilmu ingkang wonten ing akal kula panjenengan sedanten. Boten angsal dipunwulangaken kemawon, ugi mboten pareng dipunkempalaken mawon tanpa dipunwulangaken, utawi naming dipunginakaken dening saliranipun piyambak, nanging dipuncakaken kagem tiyang sanes. Ing wucalan agami Islam prakawis punika kelebet salah satunggaling amal ingkang mboten pedhot sanadyan kula panjenengan sampun seda inggih punika amal jariyah lan ngelmi ingkang murakabi.

Wonten wekdal sapunika, minangka para taruna, ingkang mboten mangertosi padasan saged ngecakaken piwulang edukatif minangka warisan budaya Jaw. Mawi mratelakaken peparing kanthi raos lila legawa dhumateng sinten mawon ingkang mbetahaken,  nyamektakaken padasan wonten ngajenging griya piyambakipun.

Pagebluk covid-19 taksih mbebayani, kula panjenengan sedanten saged nyamektakaken padasan wonten ngajenging griya. Senaosa padasan sanes gerabah, saged kagem papan toya ingkang langkung enggal. Kadadosan punika kula panjenengan kedah saged ndherek nyegah sumebaring virus corona kanthi wiyar. Kula panjenengan kedah langkung sregep anggenipun mijiki asta, sami kaliyan paugeran saking WHO supados dipuntebihaken saking bebendu covid-19. Dados kearifan lokal, padasan dados sarana sanes kagem masyarakat supados purun mijiki asta. Ing wekdal punika kahanan bebendu covid-19 taksih dereng bibar, mila padasan kaliyan sabun punika saged njagi keresikan lan ngulintenaken wijik ngagem sabun (CTPS) kanthi cara ingkang leres.

Sumber:

Azis, Muhammad Abdul. 2020. Padasan : Budaya Lama yang Dipaksa Muncul Kembali. https://medium.com/@azismuhammad094/budaya-lama-yang-dipaksa-untuk-kembali-cf5c45976b5b

Khusnikma, Misla. 2020. Kembalinya Tradisi Padasan di Tengah Pandemi. http://saa.iainkediri.ac.id/padasan-tradisi-yang-kembali-hidup-selama-pandemi/

Nelana, Narwan Sastra. 2020. Lewat Padasan Nenek Moyang Telah Ajarkan Kebersihan Diri. https://siedoo.com/berita-30033-lewat-padasa-nenek-moyang-telah-ajarkan-kebersihan-diri/

Wijaya, Taufik. 2020. Refleksi Covid-19: Sejak Dulu Bangsa Indonesia Rajin Mencuci Tangan. https://www.mongabay.co.id/2020/05/15/refleksi-covid-19-sejak-dulu-bangsa-indonesia-rajin-mencuci-tangan/

Sharing is caring!

Write a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

KANKER ITU…….

Oleh: Nur Handayani, S.KM Kita mungkin sudah sering mendengar kata “kanker”. Yang tersirat dalam benak kita tentunya …

Mengapa Anak Perlu Asupan Protein Hewani?

(Hari Gizi nasional 25 januari 2023) Oleh : Nur Handayani, S.KM Negara Indonesia merupakan salah satu negara berkembang didunia. …

TIPS SEHAT SAAT MUSIM HUJAN

Oleh: Nur Handayani, S.KM Bulan Desember kita memasuki musim penghujan. Dalam kondisi musim hujan saat ini biasanya kita …

Awas Narkoba! Kenali Dampaknya, Bahaya dan Konsekuensi Hukumnya

Oleh : Kristi Riyandini, SKM NARKOBA merupakan singkatan dari NARkotika, PsiKOtropika, dan Bahan Adiktif lainnya. Narkotika …

STRES

Oleh: Susilawati, SKM Stres dapat dirasakan siapa saja, kapan saja tanpa mengenal usia, jenis kelamin dan status sosial. …

In House Training (IHT) Medication Error

Oleh: Pokja PKPO Medication error merupakan setiap kejadian yang dapat dicegah, yang menyebabkan penggunaan obat tidak tepat …