Berita

Tepangi Lan Cegah Penyakit Pertusis

Oleh : Nur Handayani, S.KM

Pertusis inggih menika penyakit infeksi saluran pernafasan ingkang sanget menular ingkang dipun sebabaken bakteri Bordetella pertussis. Bakteri menika  saged dipun panggihi wonten saklebetipun tutuk, irung lan gurung. Pertusis kasebat ugi Tussis Quinta, Whooping Caught, Watuk Rejan utawi Watuk satus dinten. Penyakit punika kesebar ing sadayaning donya, nanging asring kedados ing panggenan-panggenan ingkang padat penduduk. Pertusis angsal nyerang tiyang sedaya umur, nanging kathah-kathah nyerang ing lare umur 1-5 tahun, lan asringipun nyerang ing jaler daripada estri.

Cara Penularan

               Pertusis saget dipun tularaken saking droplet (partikel toya alit) tiyang ingkang watuk utawi wahing. Ingkang sampun terinfeksi Dadosipung tiyang ingkang sampun terinfeksi lajeng watuk utawi wahing, partikel toya alit ingkang  sampun ngandut bakteri kalawau saget nyebar wonten udara lan kairup tiyang sakkiwo tengenipun utawi nyepeng barang-barang ingkang sampun katempelan bakteri. Saklajengipun bakteri kala wau mlebet wonten saklebetipun raga lan ngedalaken zat ingkang mawa racun. salah saktunggalipun inggih menika pertussis toxin (PT). Racun menika saget nglemahaken system kekebalan raga lan saget nyebabaken infeksi utawi peradangan. Raga ingkang sampun terinfeksi saklajengipun ngedalaken lendir kagem nangkep bakteri ingkang sakljengipun dipun dalaken  mawi watuk.

               Pertusis sanget menular sahengga 8 saking 10 tiyang ingkang mboten nggadahi kekebalan saget tertular saking tiyang ingkang sampun kenging lelara menika, lare-lare lan tiyang dewasa biasanipun nularaken pertusis wonten ing bayi dan lare alit. Bayi ingkang kenging lelara menika saget sanget parah lan nyebabaken pati. Langkung saking setengah bayi ingkang yuswanipun kirang saking 1 tahun lan kenging watuk rejan kedah dipun upakara wonten ing rumah sakit. Senajan vaksin pertusis efektif, namung perlindungan saking lelara menika badhe memudar sairing wekdal. Sinten kemawon saged kenging pertusis langkung saking sepindah. Tiyang ingkang nadang pertusis langkung gampil nularaken dumugi kiranglangkung 3 minggu saksampunipun watuk, lan kathah lare ingkang tertular infeksi nandang watuk sakdangupipun 4 dumugi 8 minggu.

Gejala-gejala Pertusis

Gejala-gejalanipun pertusis biasanipun dangunipun 6 minggu, lan peranganipun wonten 3 fase , inggih punika fase catarrhal (fase awal), fase paroksismal, lan fase konvalescens (fase penyembuhan), ingkang saben-saben fase saget kedadosan sakdngunipun kiranglangkung 1–2 minggu.

Gejala pertusis fase catarrhal, inggih punika:

•           hidung tersumbat,

•           pilek,

•           bersin,

•           mata merah,

•           demam.

Gejala pertusis fase paroksismal ditandani mawi:

•           watuk ingkang terus-terusan kairingi suanten tarikan nafas ingkang khas,

•           watuk langkung asring ing wayah dalu,

•           paningalan ketingal abrit,

•           kulit kebiruan,

•           kangelan anggenipun ambegan

•           watuk terus-terusan,

•           dahak saha muntah.

Gejala pertusis fase konvalesens dipuntandai mawi watuk ingkang dangu lan sekedhik mbaka sekedhik suda, namung saget tahan dumugi pinten-pinten minggu.

Komplikasi

Pertusis awis2 njalari komplikasi awrat dhateng tiyang ingkang sehat ingkang sampun dipun vaksin, namung bayi nggadahi risiko ageng badhe nemahi komplikasi lan pati jalaran pertusis punika.  

Punika pinten-pinten komplikasi ingkang saged kedadosan :

1.        Dehidrasi

         Watuk ingkang dangu dan hebat saged njalari dehidrasi utawi kekirangan cairan saklebetipun awak. Punika saged kedadosan amargi awak kecalan langkung kathah cairan medal kringet dan pernafasan tinimbang ingkang dipun konsumsi lan diserap.

2.        Kangelan anggenipun ambegan

Pertusis saged njalari kangelan anggenipun ambegan, utaminipun dateng lare-lare. Punika saged kedadosan amargi watuk ingkang dangu dan hebat saged ngganggu pola pernafasan normal

3.        Medakipiun bobot awak

Pertusis saget njalari medakipun bobot awak amargi icalipiun nafsu dhahar dan inggilipun kalori ingkang dipun bakar dating awak sakdangunipun watuk ingkang lami.

4.        Pneumonia

Pertusis saget ningakataken risiko pneumonia, inggih punika infeksi ingkang njalari peradangan wonten ing setunggal punapa kalih-kalihipun paru-paru.

5.        Kejang

Wonten ing pinten-pinten kedadosan, pertusis saged jalari kejang, inggih punika kontraksi otot ingkang dumadakan lan mboten saged dipun kendaleni.

6.        Gangguan Ginjal

Pertusis saged njalari gangguan ginjal, utaminipun amargi kedadosan dehidrasi awrat.

7.        Hipoksia

Pertusis saged njalari hipoksia, inggih punika kahanan ing pundi pasokan oksigen dhateng otak utawi perangan sanesipun saking awak kirang. Punika saget njalari akibat fatal menawi mboten engal-engal dipun upakara.

Pencegahan

1.        Aktif

Cara aktif inggih punika kanti paring vaksin kathahipun 12 unit ingkang kabagi 3 dosis kanhi interval 8 minggu. Vaksin ingkang dipun ginakaken inggih punika vaksin DPT (Difteria, Pertussis, Tetanus).

2.        Pasif

Cara pasif inggih punika  kanthi paring kemoprofilaksis. Kedah emut bilih mboten wonten imunitas saking Pertusis.

Lelara pertusis ugi saged dipun cegah kanthi cara:

1.        Imunisasi lare panjenengan sedaya kanthi tepat wekdal

ü  Anak-anak kedah dipun imunisasi wonten ing kalih, sekawan lan enem wulan.

ü  Booster perlu wonten ing yuswa sekawan tahun lan sepisan malih wonten ing yuswa  15 tahun.

ü  Imunisasi saged dipun pikolehi saking dokter keluarga lan pamarintah setempat.

2.        Tebihaken bayi Panjenengan saking tiyang ingkang watuk

Bayi mbetahaken kalih utawi tiga vaksinasi sakderengipun terlindung. Mila punika, penting sanget bayi panjenengan dipun tebihaken saking tiyang ingkang nandang watuk supados pertusis utawi kuman sanesipun mboten nular.

3.        Lampahi imunisasi menawi Panjenengan tiyang dewasa  ingkang kontak utawi celak dhateng lare alit. Sumadya vaksin kagem tiyang dewasa. Vaksin menika dipun anjuraken :

·   Kagem  tiyang sepuh kekalih sakwanci ngrencanakaken ngandut utawi enggal-enggal saksampunioun nglahiraken.

·   Kagem tiyang dewasa ingkang makarya sareng lare alit, utaminipun petugas Kesehatan lan petugas penitipan lare.

4.        Tansah mraktikaken cara nyuci asta lan dan etika watuk ingkang sae

5.        Nerapaken pola gesang sehat kagem ningakataken daya tahan tubuh

6.        Njaga karesikan diri lan lingkungan

Referensi

Kementrian Kesehatan RI. Batuk Rejan. https://ayosehat.kemkes.go.id/

Kementrian Kesehatan RI. (2022). Pertusis, Bagaimana Mengatasinya? https://yankes.kemkes.go.id/ tanggal 10 Agustus 2022

Tim Medis Siloam Hospitals.  (2024). Batuk Rejan (Pertusis) – Penyebab, Gejala, dan Pengobatannya. https://www.siloamhospitals.com/ tanggal 2 Januari 2024

WHO. Pertussis. https://www.who.int/

Blain, Amy, dkk. Chapter 10: Pertussis. https://www.cdc.gov/

Children’s Hospital of Philadelphia. Pertussis (Whooping Cough). https://www.chop.edu/

 

Sharing is caring!

Write a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Perbekalan Farmasi Emergensi

Oleh : Adhika Twas Galih Atyanta, S.Farm

Tepangi Lan Cegah Penyakit Pertusis

Oleh : Nur Handayani, S.KM Pertusis inggih menika penyakit infeksi saluran pernafasan ingkang sanget menular ingkang …

Vape dan Bahayanya: Menelaah Dampak Kesehatan dan Lingkungan

Oleh : Shukhalita Swasti Astasari Dalam beberapa tahun terakhir, vape atau rokok elektronik telah menjadi tren di kalangan …

BENER GAK SIH TANAMAN KECUBUNG BERBAHAYA ?

Oleh : Susilawati, SKM Kecubung (Datura sp.) adalah tanaman semak yang memiliki bunga menyerupai trompet berwarna putih atau …

Masyarakat Bergerak, Bersama Melawan Narkoba Mewujudkan Indonesia Bersinar

Hari Anti Narkoba Internasional 2024, 26 Juni 2024 Oleh: Kristiriyandini, SKM Tahukah Kamu? Data global saat ini menunjukkan …