Budaya Nginang Masyarakat Jawi
Dening: Shukhalita Swasti Astasari, S.KM
Majengipun pangrembakaning jaman, kabudayan nginang sampun wiwit ical. Bab menika saksampunipun wonteni odol kanthi raosipun ingkang seger nggantosaken kawontenan mupangatipun nginang ingkang raosipun pait. Para nem-neman sampun mboten wonten ingkang nginang. Sanadyan owah gingsiring jaman, nanging piwulang filosofi nginang ampun ngantos ical.
Sedhah punika pralambang nedahakaen sipat andhap asoring penggalih, remen peparing, saha tansah ngajeni priyantun sanes. Jarwi punika saking upakara thukulipun sedhah ingkang mrambat tanpa ngrisakaken tetanduran utawi napa mawon papan panggenanipun. Kapur nedahakaen panggalih ingkang pethak resik saha setya satuhu, nanging bilih kawontenan, saged adamel dados agresif sanget saha duka.
Gambir ugi dipunginakaken dados usada, upaminipun kagem ngresiki labet lan kudis, nyegah sakit diare ugi disentri, saha dados pelembab lan mantunaken labet wonten kerongkongan. Gambir ngagungani raos sakedhik pait, nunjukaken tataging panggalih. Piwulang menika katingal saking warni jene ron gambir saha mbetahaken setunggaling tata cara tertamtu supados pikantuk sarinipun satemah saged dipundhahar,. Dipunjarweni menawi bilih nggayuhaken punapa-napa kemawon, kula lan panjenengan sami kedah sareh nindakaken kahanan supados saged dados kasunyatan.
Sayektosipun, kejawi dipuneses kados udud, sata ugi dipungilut kanthi cara nginang, kathah tiyang asring nambahaken sata ing lebeting ron sedhah rikala nginang sinaosa mboten wonten kukusipun, nginang kasunyatanipun ngagungani bebaya ngrisak kasarasan ingkang sami kaliyan eses.
Nginang menika gadhah paedah kagem njagi kasarasan waja ugi padharan. Amargi nggilut ron sedhah lan wiji jambe saged ngasilaken idu, ingkang ngandhut warni-warni jinising protein lan mineral ingkang sae kagem njagi kekiyatan waja saha nyegah lelara gusi. Kejawi punika, ugi tansah ngresiki waja lan gusi saking tirahipun dhaharan ingkang nempel ing waja.
Kagem padharan, toya idu nggadhahi paedah damel lembut dhaharan. Pramila, kula panjenengan saged ngeleg lan kersanipun dhaharan saged tumuju kerongkongan, usus, ugi lambung kanthi lancar. Bab punika tamtu mbiyantu nggampilaken sistem pencernaan.
Kejawi punika, nyedhah ugi dipunestuni dados sumber energi. Amargi, wiji jambe punika ngandhut zat psikoaktif ingkang memper sanget kaliyan nikotin, alkohol, ugi kafein. Pramila salira punika medalaken hormon adrenalin.
Sanadyan tradhisi nyedhah/nginang saged nuwuhaken paedah, para dokter saha sapanunggalanipun punika ngemutaken babagan bebaya nyedhah/nginang. Miturut laporan saking para panaliti, dipunmangertosi menawi nyedhah/nginang punika kasunyatanipun murugaken risiko ingkang saged nuwuhaken pinten-pinten lelara ingkang mboten saged dipunanggep entheng, umpamanipun kanker.
1. Kanker ing Lathi
Pawartos saking situs resmi Badan Kesehatan Dunia (WHO), nyedhah/nginang punika nggadhahi risiko inggil murugaken kanker, utaminipun wonten lathi. Dudutan punika adhedhasar panaliten ingkang dipuntindakaken international agency for research on cancer wonten ing Asia Selatan lan Asia Tenggara.
Kasunyatanipun piranthi ron sedhah, wiji jambe, kapur, saha sata menawi dipunaworaken dados setunggal kagungan sipat karsinogenik (saged nuwuhaken kanker). Bilih ngginakaken piranti nginang kasebat langkung dangu, saged nyebabaken nandang kanker ing tutuk, gampil ngalami kanker lathi, kanker esofagus (kerongkongan), kanker tenggorokan, kanker laring.
2. Labe ting Rongga Lathi
Nggilut sedhah jambe nuwuhaken risiko lesi mukosa ing lathi, inggih punika wonten labet (lesi) ing salebeting lathi. Lalara utawi iritasi dipunsebabaken piranti nyedhah/nginang setunggal kaliyan piranti sanesipun nggadhahi sipat awrat sanget kagem lathi. Punapa malih menawi nyedhah/nginang sampun dados padatan ingkang mboten saged dipunicali. Bebaya awonipun dados tansaya enggal tuwuh saha rekaos dipunhusadani.
Bilih sampun awrat badanipun, saged nyebabaken lidhah kraos kaku saha tutuk rekaos dipunobahaken. Ngantos wekdal punika dereng wonten usada utawi jampi ingkang saged ndanganaken lesi mukosa ing lathi. Usada punika namung saged ngentengaken tandha-tandha lelara ingkang wonten.
3. Mbebayani jabang bayi
Dereng kathah ingkang dipunmangertosi bilih ibu ingkang mbobot punika kedah eling saha waspada tumrap bebayanipun nginang. Nginang nalika mbobot saged ngewahi genetik ing DNA jabang bayi. Ewah-ewahanipun punika saged mbebayani jabang bayi, kados dene eses saged nuwuhaken risiko cacat janin. Ibu ingkang mbobot menawi nyedhah/nginang ugi nggadhahi risiko mbabaraken bayi ingkang bobotipun ing ngandhapipun bayi sanes. Pramila, WHO ugi para medis sampun wanti-wanti supados ibu ingkang mbobot mboten pareng nyedhah/nginang.
Pakulinan awon wonten ing dhusun-dhusun inggih punika waton ngidu. Kaliyan warni idunipun ingkang sak werni punika, kalimrahan niku tamtu kemawon badhe nilaraken tandha wujudipun werni abrit wonten ing pundi-pundi. Sejatosipun masyarakat Indonesia kados ing Jawi kagungan ambeng kagem ngidu, wujudipun omplong alit ingkang kawastanan tempolong. Masalah lingkungan saged dirampungaken bilih sedaya tiyang ingkang nginang kagungan ambeng kados wujud punika.
Wonten jaman enggal kados wekdal punika nginang sampun kegantosaken dening odol ingkang ngemot bab ingkang migunani saha aman. Ananging nginang dados salah satunggaling tradhisi tilaranipun leluhur ampun dumugi kesupen filosofinipun kados ingkang sampun kawastananaken wonten inggil, pramila masyarakat keparing gesang ingkang saras, katebihaken saking bebendu, nanging tetep njagi lestantunipun budaya.
Sumber:
Tim Kumparan. 2017. Filososfi Budaya “Nginang”. https://kumparan.com/potongan-nostalgia/filosofi-budaya-nginang/full
Setiawan, Andreas Wilson, dr. 2020. Membongkar Manfaat dan Bahaya di balik Tradisi Menyirih. https://hellosehat.com/hidup-sehat/fakta-unik/manfaat-dan-bahaya-menyirih/#gref
Write a Comment